1 Sawuse mangkono banjur wis padha tekan ing sabranging sagara, ing tanahe wong Gerasa.
2 Lagi bae mandhap saka ing prau, Gusti Yesus disowani ing wong kapanjingan dhemit saka ing pakuburan.
3 Wong mau manggon ana ing kono lan wis ora ana wong siji-sijia maneh kang saguh mbanda dheweke, sanadyan nganggo rante,
4 amarga wis kerep dibanda lan dirante, nanging rantene dipedhot lan blengguning sikil dirucat, temahan ora ana wong siji-sijia kang bisa gawe tutute.
5 Rina wengi wong mau klambarangan ana ing pakuburan lan ing gunung-gunung karo bengak-bengok sarta ngantemi awake dhewe, nganggo watu.
6 Bareng wong mau ndeleng Gusti Yesus saka ing kadohan, banjur mlayu menyang ing ngarsane sarta nyembah,