16 Wong-wong kang padha nyumurupi dhewe lelakon mau padha nyritakake marang wong-wong kang padha teka iku bab apa kang tumindak tumrap wong kang kapanjingan dhemit lan bab babi-babi mau.
17 Wong-wong mau banjur padha nyuwun kalawan adreng marang Gusti Yesus, supaya Panjenengane nilar wewengkone.
18 Nalika Gusti Yesus minggah ing prau, wong kang maune kapanjingan dhemit nyuwun kalilanana dherek satindake.
19 Nanging Gusti Yesus ora marengake, pangandikane marang wong mau: “Muliha menyang omahmu, menyang ing omahe wong-wong ing kampungmu lan critakna kabeh apa kang wis katindakake dening Allah tumrap kowe lan bab anggonmu diparingi sih kawelasan dening Allah.”
20 Wong mau iya banjur mangkat lan wiwit martak-martakake ana ing wewengkon Dekapolis apa kang wis ditindakake dening Gusti Yesus tumrap dheweke; wong-wong padha eram kabeh.
21 Sawise Gusti Yesus nyabrang maneh kalawan nitih prau banjur akeh banget wong kang padha nglumpuk ing ngarsane ana ing pinggir sagara,
22 tumuli ana sawijining lurah papan pangibadah, kang jeneng Yairus, sowan in ngarsane. Bareng ndeleng Gusti Yesus banjur sujud