22 tumuli ana sawijining lurah papan pangibadah, kang jeneng Yairus, sowan in ngarsane. Bareng ndeleng Gusti Yesus banjur sujud
23 lan nyuwun kanthi adreng, ature: “Anak kawula estri saweg sakit meh pejah, mila mugi Paduka karsaa ngrawuhi lan numpangi asta, supados wilujen lan lestantun gesang.”
24 Gusti Yesus banjur tindak bareng karo lurah mau. Wong akeh padha ndherekake, padha suk-sukan ing sacedhake Panjenengane.
25 Nalika samana ing kono ana wong wadon kang lara nggrajag getih wis rolas taun.
26 Wis bola-bali ditambani dhukun pirang-pirang, nganti kabeh barang darbeke entek, nanging ora bisa waras, malah kosokbaline, larane saya banget.
27 Dheweke wis krungu pawarta bab Gusti Yesus, mulane banjur ndhesel-ndhesel ing satengahe wong akeh nyedhaki Gusti Yesus saka ing buri lan ndemek jubahe.
28 Sabab pamikire: “Angger aku bisa ndemek jubahe bae, aku mesthi mari.”