6 Bareng wong mau ndeleng Gusti Yesus saka ing kadohan, banjur mlayu menyang ing ngarsane sarta nyembah,
7 lan mbengok seru: “Paduka preduli punapa kaliyan kawula, dhuh, Gusti Yesus, Putraning Allah ing kang Mahaluhur? Demi Allah sampun ngantos niksa kawula!”
8 Jalaran sadurunge iku Gusti Yesus wus ngandika marang wong mau: “Heh, dhemit, lungaa saka wong iku!”
9 Wasana panjenengane banjur ndangu: “Sapa jenengmu?” Atur wangsulane: “Nama kawula Legion, jalaran cacah kawula kathah sanget.”
10 Wong mau nyuwun kanthi adreng supaya dhemit-dhemite aja ditundhung saka wewengkon kono.
11 Nalika iku ing ereng-erenging gunung kono ana babi akeh banget kang pinuju golek pangan.
12 Dhemit-dhemit mau nyuwun marang Panjenengane, ature: “Kawula mugi sami kadhawuhana murugi babi-babi punika, sami badhe kawula lebeti.”