1 Sawise iku Gusti Yesus jengkar saka ing kono lan tindak menyang ing kutha asale, kadherekake dening para sakabate.
2 Bareng dina Sabat Panjenengane wiwit memulang ana ing papan pangibadah, sarta akeh banget wong kang padha kumpulan, lan padha kaeraman nalika ngrungokake, banjur padha sapocapan: “Kabeh iku olehe saka ngendi? Lan kawicaksanan apa kang kaparingake marang Dheweke? Sarta mukjijat-mukjijat kang kaya mangkono Dheweke kok bisa nganakake?
3 Apa iku dudu si tukang kayu, anake Maryam, sadulure yakobus, Yoses, Yudas lan Simon? Lan apa sadulur-sadulure wadon ora padha manggon ing kene?” Banjur padha kacuwan tumrap Panjenengane.
4 Tumuli Gusti Yesus ngandika marang wong-wong mau: “Nabi iku ana ing ngendi-endi diajeni, kajaba ana ing panggonan asale lan ing antarane kulawangsane sarta ana ing omahe dhewe.”
5 Mulane ana ing kono Panjenengane ora bisa nindakake pangeram-eram babar pisan, kajaba mung marasake wong lara sawatara sarana katumpangan asta.
6 Panjenengane ngungun ngraosake anggone wong-wong mau ora padha pracaya, banjur tindak njajah desa karo memulang.