24 Putri mau banjur mundur sarta matur marang kang ibu: “Punapa ingkang kula suwun?” Wangsulane kang ibu: “Sirahe Yokanan Pambaptis.”
25 Putri mau banjur enggal-enggal bali marek ing ngarsane Sang Prabu lan munjuk: “Kawula nyuwun, supados kaparingana sirahipun Yokanan Pambaptis kawadhahan ing talam!”
26 Sang Nata banget sungkawa panggalihe, nanging marga saka supaose lan anane para tamu, panjenengane ora karsa nduwa.
27 Sang Nata banjur utusan prajurit tamtama nggawa mustakane Nabi Yokanan. Kang kautus banjur mundur, lan nigas Nabi Yokanan ana ing pakunjaran.
28 Sawise mangkono mustakane nuli kadekek ing talam lan ditampakake marang putri mau, kang banjur dicaosake marang kang ibu.
29 Para sakabate Nabi Yokanan bareng krungu bab iku, banjur padha teka ngukup layone lan disarekake ana ing pakuburan.
30 Sawise mangkono para rasul padha nglumpuk ana ing ngarsane Gusti Yesus lan padha matur apa kang wis padha ditindakake kabeh lan kang diwulangake.