33 nanging nalika padha mangkat, akeh wong kang padha weruh lan nyumurupi sedyane. Ora suwe banjur akeh wong kang padha teka saka ing kutha-kutha kabeh, kang padha lumaku dharat menyang ing panggonan kono, ndhisiki tekane.
34 Nalika Gusti Yesus ndharat, mirsa wong kang cacahe akeh banget iku, trenyuh panggalihe marga saka welase, jalaran padha katon kaya wedhus kang tanpa pangon. Panjenengane nuli wiwit memulang bab prakara akeh marang wong-wong mau.
35 Bareng wis wiwit peteng, para sakabat padha sowan ing ngarsane lan matur: “Panggenan punika sepi, mangka sampun wiwit peteng.
36 Tiyang-tiyang punika bok dipun dhawuhi mundur supados sami tumbas tetedhan dhateng ing dhusun-dhusun saha ing kampung-kampong ing sakiwa-tengenipun papan punika.”
37 Nanging paring wangsulane: “Kowe bae padha menehana mangan!” Unjuke para sakabat: “Dados kawula sami kadhawuhan kesah tumbas roti namung kalih atus dinar, lajeng kadhawuhan nyukani tedha dhateng tiyang-tiyang punika?”
38 Pangandikane Gusti Yesus: “Kowe duwe roti pira? Coba priksanen!” Sawise dititi-priksa, banjur padha munjuk: “Wonten roti gangsal, sarta ulam kalih.”
39 Banjur padha kadhawuhan nata wong-won mau, supaya padha linggih gegrombolan ana ing pasuketan.