50 sabab kabeh padha weruh, temahan padha kumelap atine. Nanging banjur enggal dipangandikani dening Gusti Yesus: “Padha dienak atimu! Iki Aku, aja wedi!”
51 Banjur minggah ing prau manggihi para sakabate, angine tumuli mendha. Kabeh padha gumun lan bingung,
52 awit sawise lelakon bab roti, meksa durung ngreti, marga saka wangkoting atine.
53 Sawise padha nyabrang, banjur tekan ing tanah Genesaret. Tumuli labuh ana ing kono.
54 Sawise padha mentas saka ing prau, wong-wong nalika iku uga padha ora pangling marang Gusti Yesus.
55 Mulane banjur padha enggal-enggal martakake bab iku marang wewengkon ing kono kabeh, lan wong-wong lara padha diusungi sapaturone disowanake marang ing ngarsane Gusti Yesus, sanadyan ana ing ngendi bae palerebane.
56 Menyanga ngendi bae tindake, menyang ing desa-desa, menyang ing kutha-kutha apa menyang ing kampung-kampung, wong-wong padha nyelehake wong lara ana ing pasar lan nyuwun marang Panjenengane, supaya dililani ndemek gombyoking jubahe bae. Dene kabeh kang ndemek jubahe padha dadi waras.