1 Nuju ing sawijining dina ana wong Farisi sagrombolan lan ahli Toret sawatara teka saka ing Yerusalem, padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus.
2 Wong-wong mau padha nyumurupi sakabate Gusti Yesus sawatara anggone mangan nganggo tangan kang najis, yaiku ora wisuh dhisik.
3 Sabab wong Farisi iku kayadene wong-wong Yahudi liyane, sadurunge mangan, wisuh tangan dhisik, amarga padha nggondheli adat tata-carane para leluhure,
4 lan manawa mulih saka pasar, sadurunge mangan iya sesuci dhisik. Akeh ila-ila liyane maneh kang ditetepi, kayata: bab ngisahi tuwung, kendhi lan piranti-piranti tembaga.