19 amarga ora lumebu ing sajroning ati, nanging lumebu ing weteng, banjur kabuwang ing pakiwan?” Pangandika iku mratelakake, yen sakabehe pangan iku kalal.
20 Banjur nyambeti pangandika: “Apa sing metu saka ing manungsa, iku sing marakake najis,
21 sabab saka ing jero, saka ing sajroning atine manungsa, thukul sakabehing pikiran sing ala, kang lekoh, kadurjanan, gawe pati,
22 laku bandrek, srakah, piala, akal palsu, hawa-nepsu, meri, panyatur ala, gumedhe, tanpa budi.
23 Sakehe piala iki thukul saka ing jero lan marakake najis marang manungsa.”
24 Gusti Yesus banjur jengkar saka ing kono lan tindak menyang ing tlatahe kutha Tirus. Nuli lumebet ing sawijining omah lan ora karsa, yen ngantia kasumurupan ing wong, nanging rawuhe iku ora bisa kasidhem.
25 Amarga ing nalika iku uga banjur ana wong wadon, kang anake wadon kapanjingan dhemit, sawise krungu bab Panjenengane, enggal-enggal marek sumungkem ana ing ngarsane.