3 Sabab wong Farisi iku kayadene wong-wong Yahudi liyane, sadurunge mangan, wisuh tangan dhisik, amarga padha nggondheli adat tata-carane para leluhure,
4 lan manawa mulih saka pasar, sadurunge mangan iya sesuci dhisik. Akeh ila-ila liyane maneh kang ditetepi, kayata: bab ngisahi tuwung, kendhi lan piranti-piranti tembaga.
5 Mulane wong-wong Farisi lan para ahli Toret mau banjur padha matur pitakon: “Punapaa dene sakabat-sakabat Panjenengan sami boten ngenut ila-ilaning para leluhur kita, dene sami nedha mawi tangan najis?”
6 Paring wangsulane: “Ceples temen pamecane Nabi Yesaya ing ngatase kowe, heh, wong lamis! Sabab wis katulisan:Bangsa iki anggone ngluhurake Ingsun kalawan lambe,nanging atine ngedohi Ingsun.
7 TAnpa gawe anggone ngabekti marang Ingsun,dene kang diwulangake iku pepakoning manungsa.
8 Pepakoning Allah koklirwakake, lan netepi ila-ilaning manungsa.”
9 Panangadikane maneh mangkene: “Pinter banget kowe nyingkirake pepakoning Allah, supaya bisa netepi adat-tata-caramu dhewe.