33 Wong mau nuli kapisahake saka wong akeh dening Gusti Yesus, didhewekake. Kupinge banjur dilebeti ing racikane, nuli kecoh lan ndemok ilate wong mau.
34 Sawise mangkono Gusti Yesus banjur tumenga ing langit lan unjal ambegan, nuli ngandika marang wong mau: “Efata!” tegese: mengaa!
35 Sanalika kupinge padha kabuka, ilate kaudharan, banjur bisa caturan teteh.
36 Wong-wong kang ana ing kono padha kaweling dening Gusti Yesus, supaya aja padha nyritakake lelakon iku marang sapa bae. Nanging saya dilarang, malah saya nemen anggone padha martakake.
37 Kabeh wong padha kaeraman banget lan padha calathu: “Panjenengane iku ndadekake becik samubarang kabeh, sing budheg dadi bisa krungu, sing bisu bisa caturan.”