7 TAnpa gawe anggone ngabekti marang Ingsun,dene kang diwulangake iku pepakoning manungsa.
8 Pepakoning Allah koklirwakake, lan netepi ila-ilaning manungsa.”
9 Panangadikane maneh mangkene: “Pinter banget kowe nyingkirake pepakoning Allah, supaya bisa netepi adat-tata-caramu dhewe.
10 marga ana dhawuhe Nabi Musa mangkene: Sira ngajenana bapa-biyungira, lan sing sapa ngipat-ipati bapa-biyunge kudu diukum pati.
11 Nanging kandhamu: Manawa ana wong kang matur bapakne utawa biyunge: Gadhahan kula ingkang kenging kangge ngrukti panjenengan, sampun kangge kurban -- inggih punika pisungsung kagem Gusti Allah, --
12 ing kono wong mau wis ora prelu nindakake apa-apa kanggo bapakne utawa biyunge.
13 Dadi pangandikaning Allah kokorakake, jalaran kowe wis netepi ila-ila. Lan isih akeh bab liyane kang kaya mangkono, kang koktindakake.”