1 Pangandikane maneh mangkene: “Aku pitutur marang kowe, satemene wong kang ana ing kene iki ana kang bakal ora mati, sadurunge padha ndeleng rawuhe Kratoning Allah kalawan panguwasa.”
2 Sawise nem dina Gusti Yesus dhawuh marang Petrus, Yakobus lan Yokanan supaya ndherek bebarengan minggah ing gunung kang dhuwur, prelu miyambak. Tumuli Gusti Yesus santun rupa ana ing ngarepe para sakabat mau.
3 Pangagemane katon putih memplak sumorot. Ora ana wong ing donya iki kang bisa mutihake sandhangan nganti kaya mangkono.
4 Para sakabat banjur padha dikatingali Nabi Elia karo Nabi Musa, kang lagi padha imbal pangandika kalawan Gusti Yesus.