16 Gusti Yesus nuli ndangu marang wong-wong mau: “Kowe iku padha udur bab apa?”
17 Wong akeh mau banjur ana siji kang matur: “Guru, anak kula kula sowanaken dhateng Panjenengan, jalaran kapanjingan dhemit ingkang damel bisunipun.
18 Saben-saben dhemit punika nyandhak anak kula, lajeng dipun banting ing siti, cangkemipun lajeng muruh, untunipun kerot-kerot, badanipun dados kaken. Kula sampun nedha tulung dhateng para sakabat Panjenengan, supados nundhung dhemitipun, nanging sami boten saged.”
19 Gusti Yesus banjur ngandika: “Heh, jinis kang ora duwe pangandel, nganti pira lawase anggonKu kudu tetunggalan karo kowe? Nganti pira lawase anggonKu kudu nyabari kowe? Bocahe prenekna!”
20 Bocahe banjur diaturake. Bareng roh mau weruh Gusti Yesus, bocahe banjur dieweng-eweng, ditibakake ing lemah lan banjur gulung, cangkeme muruh.
21 Gusti Yesus banjur ndangu marang bapakne bocah mau: “Wis pira lawase anggonne kataman mangkene iki?” Atur wangsulane: “Sampun wiwit alit mila.
22 Sarta asring dipun dhawahaken ing latu utawi wonten ing toya, badhe dipun sirnakaken. Awit saking punika, manawi Panjenengan saged, karsaa paring piwelas dhateng kula.”