2 Sawise nem dina Gusti Yesus dhawuh marang Petrus, Yakobus lan Yokanan supaya ndherek bebarengan minggah ing gunung kang dhuwur, prelu miyambak. Tumuli Gusti Yesus santun rupa ana ing ngarepe para sakabat mau.
3 Pangagemane katon putih memplak sumorot. Ora ana wong ing donya iki kang bisa mutihake sandhangan nganti kaya mangkono.
4 Para sakabat banjur padha dikatingali Nabi Elia karo Nabi Musa, kang lagi padha imbal pangandika kalawan Gusti Yesus.
5 Petrus nuli matur marang Gusti Yesus: “Rabbi, iba saenipun, bilih kawula sami wonten ing ngriki. Prayoginipun kawula sami ngadegaken tarub tiga, satunggal kagem Paduka, satunggal kagem Nabi Musa, satunggalipun malih kagem Nabi Elia.”
6 Angone matur mangkono iku, marga ora ngreti, apa kang kudu diaturake, saka anggone padha banget wedine.
7 Banjur ana mega teka ngayomi, lan saka ing sajroning mega iku ana suwara kang kaprungu: “Iki PutraningSun kang Sunkasihi, padha estokna dhawuhe.”
8 Dumadakan nalika padha nyawang ing sakubenge kono, banjur wis ora ana kang katingal maneh, kajaba mung Gusti Yesus piyambak.