30 Tumuli padha mangkat saka ing kono, nratas ing tanah Galilea, karsane Gusti Yesus aja ana wong kang weruh,
31 amarga lagi paring piwulang marang para sakabate, pangandikane: “Putrane Manungsa bakal kaulungake marang tangane wong, bakal disedani, nanging sawise disedani, ing telung dinane bakal wungu maneh.”
32 Para sakabat padha ora ngreti marang pangandika mau, nanging padha ora wani miterang.
33 Sawise mangkono banjur padha teka ing kutha Kapernaum. Bareng wis ana ing dalem, Gusti Yesus ndangu marang para sakabate: “Apa sing padha kokrembung ana ing dalan mau?”
34 Nanging kabeh padha meneng bae, sabab nalika ana ing dalan mau padha padudon bab sapa kang dhuwur dhewe ing antarane para sakabat iku.
35 Gusti Yesus banjur lenggah, sakabat rolas padha ditimbali lan dipangandikani mangkene: “Sing sapa kapengin dadi pangarep, iku dadia kang keri dhewe lan dadia paladene wong kabeh.”
36 Gusti Yesus banjur mundhut bocah cilik, diadegake ing tengah, nuli dirangkul sarta ngandika marang para sakabat: