4 Para sakabat banjur padha dikatingali Nabi Elia karo Nabi Musa, kang lagi padha imbal pangandika kalawan Gusti Yesus.
5 Petrus nuli matur marang Gusti Yesus: “Rabbi, iba saenipun, bilih kawula sami wonten ing ngriki. Prayoginipun kawula sami ngadegaken tarub tiga, satunggal kagem Paduka, satunggal kagem Nabi Musa, satunggalipun malih kagem Nabi Elia.”
6 Angone matur mangkono iku, marga ora ngreti, apa kang kudu diaturake, saka anggone padha banget wedine.
7 Banjur ana mega teka ngayomi, lan saka ing sajroning mega iku ana suwara kang kaprungu: “Iki PutraningSun kang Sunkasihi, padha estokna dhawuhe.”
8 Dumadakan nalika padha nyawang ing sakubenge kono, banjur wis ora ana kang katingal maneh, kajaba mung Gusti Yesus piyambak.
9 Nalika padha mudhun saka ing gunung, Gusti Yesus paring piweling, aja ana kang kandha-kandha marang sapa-sapaa bae bab apa kang mentas padha dideleng mau, nganti tumeka Putraning Manungsa wis wungu saka ing antarane wong mati.
10 Para sakabat padha nyathet pangandika mau karo padha takon-tinakon bab tegese “wungu saka ing antarane wong mati”.