43 Sarta manawa tanganmu dadi sandhungan tumrap kowe, kethoken, amarga luwih becik kowe lumebu ing urip kalawan kuthung, katimbang ganep tanganmu nanging dibuwang menyang ing naraka, ing geni kang ora kena disirep; [
44 kang singgate ora mati, lan ora kasirep genine.]
45 Lan manawa sikilmu dadi sandhungan tumrap kowe, kethoken, awit luwih becik kowe lumebu ing urip kalawan buntung, katimbang karo ganep sikilmu, nanging kacemplungake ing naraka; [
46 kang singgate oar mati, lan ora kasirep genine.]
47 Lan manawa mripatmu dadi sandhungan, cuplaken, awit luwih becik kowe lumebu ing Kratonin Allah kalawan pece, katimbang karo ganep mripatmu, nanging kacemplungake ing naraka,
48 kang singgate ora mati lan genine ora kasirep.
49 Awit saben wong bakal dibumboni geni.