1 Ing kala purwa Sang Sabda iku ana, dene Sang Sabda iku nunggil karo Gusti Allah sarta Sang Sabda iku Gusti Allah.
2 Wiwitane Panjenengane iku nunggil karo Gusti Allah.
3 Samubarang kabeh dumadine dening Sang Sabda, lan samubarang kang dumadi ora ana sawiji-wijia kang ora didadekake dening Sang Sabda.
4 Sang Sabda kang kadunungan urip, sarta urip iku kang dadi pepadhanging manungsa.
5 Anadene Sang Padhang nelahi sajroning pepeteng, lan ora kalindhih dening pepeteng iku.
6 Ana priya rawuh kautus dening Allah asmane Yokanan.