Yokanan 8 JAV

1 nanging Gusti Yesus tindak menyang ing gunung Zaitun.

2 Bareng wayah bangun esuk Panjenengane rawuh maneh ing Padaleman Suci, lan rakyat kabeh padha sowan ing ngarsane, Panjenengane banjur lenggah mulang wong-wong iku.

3 Para ulama lan para wong Farisi tumuli padha ngajokake wong wadon kang kacekel nalika laku bandrek marang ngarsane.

4 Wong-wong iku sawuse mapanake wong wadon mau ing tengah, banjur padha munjuk marang Gusti Yesus: “Rabbi, tiyang estri punika kacepeng nalika saweg lampah bandrek.

5 Wonten ing angger-anggering Toret Nabi Musa ndhawuhaken dhateng kita, supados tiyang-tiyang estri ingkang makaten punika dipun benturana ing sela. Ingkang punika menggah pamanggih Panjenengan kadospundi?”

6 Unjuke kang mangkono iku mung kanggo nyoba marang Panjenengane, supaya oleha jalaran anggone arep nggugat. Nanging Gusti Yesus tumungkul banjur nyerat ing lemah kalawan racikane.

7 Bareng olehe padha takon para wong Farisi iku ora uwis-uwis, Panjenengane tumuli jumeneng sarta ngandika: “Sapa bae panunggalanmu kang tanpa dosa, iku miwitana mbenturi watu wong wadon iku.”

8 Panjenengane banjur tumungkul maneh sarta nyerat ing lemah.

9 Ananging sawuse kang padha munjuk mau krungu pangandika kang kaya mangkono, tumuli padha lunga baka siji, wiwit saka kang tuwa dhewe. Wekasan mung kari Gusti Yesus piyambak karo wong wadon kang isih tetep ana ing kono iku.

10 Gusti Yesus tumuli jumeneng, sarta ngandika: “He, wong wadon, ana ngendi wong-wong mau? Apa ora ana kang ngukum kowe?”

11 Unjuke wong wadon mau: “Boten wonten, Gusti.” Pangandikane Gusti Yesus: “Aku uga ora ngukum kowe. Lungaa, lan wiwit saiki aja gawe dosa maneh!”

Gusti Yesus iku pepadhanging jagad

8:12-20

12 Gusti Yesus paring dhawuh maneh marang wong akeh: “Aku iki pepadhanging jagad; sing sapa ngetut-buri Aku, ora bakal lumaku ana ing pepeteng, nanging bakal nduweni padhanging urip.”

13 Unjuke para wong Farisi: “Panjenengan nekseni sarira Panjenengan piyambak, paseksen Panjenengan boten sah.”

14 Dhawuh wangsulane Gusti Yesus: “Sanadyan Aku nekseni awakKu dhewe, nanging paseksenKu iku nyata, amarga Aku sumurup ing sangkan-paranKu. Nanging kowe padha ora sumurup sangkan-paranKu iku.

15 Anggonmu padha njeksani iku nganggo ukuraning manungsa, Aku ora njeksani wong siji-sijia,

16 dene manawa Aku njeksani, anggonKu njeksani iku sabenere, amarga Aku ora ijen, ananging Aku bebarengan karo Panjenengane kang ngutus Aku.

17 Lan sajroning Toretmu katulisan, yen paseksene wong loro iku sah.

18 Aku kang nekseni mungguh awakKu dhewe, lan uga Sang Rama kang ngutus Aku iya nekseni mungguh ing Aku.”

19 Wong mau oadha munjuk: “Ingkang Rama wonten ing pundi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe padha ora wanuh marang Aku, lan iya ora wanuh marang RamaKu. Manawa kowe wanuh marang Aku, mesthi iya wanuh marang RamaKu.”

20 Pangandika iku mau kadhawuhake dening Gusti Yesus nalika Panjenengane memulang ana ing Padaleman Suci, sacedhake pethi bet-amal, ewadene ora ana wong siji-sijia kang nyekel Panjenengane, amarga durung tumeka ing wektune.

Pinangkane Gusti Yesus ora saka ing donya iki

8:21-29

21 Gusti Yesus tumuli ngandika maneh marang wong akeh: “Aku iki bakal lunga, lan kowe bakal padha nggoleki Aku, nanging bakal padha mati sajroning dosamu. Ing ngendi paranKu, kowe ora padha bisa mrana.”

22 Pangucape wong-wong Yahudi: “Apa Dheweke iku arep ngendhat, dene kok duwe pangucap: Ing ngendi paranKu, kowe padha ora bisa mrana?”

23 Pangandikane Gusti Yesus: “Kowe iku pinangkamu saka ing ngisor, Aku iki saka ing ngaluhur, kowe iku pinangkamu padha saka ing donya iki, nanging Aku ora saka ing donya iki.

24 Mulane Aku mau tutur ing kowe, manawa kowe bakal padha mati sajroning dosamu. Amarga manawa kowe padha ora ngandel yen Aku iki Panjenengane, wus mesthi kowe bakal padha mati ing sajroning dosamu.”

25 Ing kono pangucape wong-wong mau: “Panjenengan punika sinten?” Pangandikane Gusti Yesus: “Apa gunane rembugan maneh karo kowe kabeh?

26 Akeh prakara kang prelu Daktuturake mungguh ing kowe lan akeh uga kang kudu Dakukumake tumrap kowe kabeh; nanging kang ngutus Aku bener, apa kang Dakrungu saka Panjenengane, yaiku kang Dakwarahake marang jagad.”

27 Wong-wong kang kadhawuhan iku ora nggraita manawa kang kadhawuhake iku Sang Rama.

28 Kang iku Gusti Yesus ngandika: “besuk samasa kowe wus nyengkakake Putraning Manungsa, tumuli kowe lagi bakal padha sumurup yen Aku iki Panjenengane, sarta ora nglakoni apa-apa saka karepKu dhewe, nanging apa kang Dakwarahake iku miturut kaya anggonKu wus diwulang dening RamaKu.

29 Kang ngutus Aku iku nunggil karo Aku. Sang Rama ora nilar Aku ijen, awit Aku tansah nglakoni kang dadi keparenge.”

Keyekten marganing kamardikan

8:30-36

30 Bareng Gusti Yesus ngandika bab iku mau kabeh, akeh wong kang padha pracaya marang Panjenengane.

31 Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong Yahudi kang padha pracaya, dhawuhe: “Manawa kowe padha ngantepi ing pituturKu, kowe sanyata padha dadi siswaKu,

32 sarta bakal padha mangreti ing kayekten, lan kayekten iku bakal mardikakake kowe.”

33 Wong-wong tumuli padha mangsuli: “Kula sami tedhak-turunipun Rama Abraham, lan dereng nate ngawula dhateng sok tiyanga; kadospundi kok Panjenengan ngandika: Kowe bakal padha mardika?”

34 Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa nglakoni dosa iku dadi bature dosa.

35 Anadene mungguh batur iku ora tetep pamanggone ana ing omah, nanging Putra iku tetep pamanggone.

36 Kang iku manawa Sang Putra wus mardikakake kowe, kowe iya padha mardika temenan.”

Tedhak-turune Rama Abraham kang wijile ora saka ing Allah

8:37-47

37 “Aku wus weruh manawa kowe iku padha tedhak-turune Rama Abraham, nanging kowe padha ngarah mateni Aku, awit pituturKu ora oleh papan ana ing kowe.

38 Apa kang wus Dakdeleng ana ing RamaKu, iya iku kang Dakucapake. Mangkono uga kowe, padha nglakoni apa kang kokrungu saka bapakmu.”

39 Wong Yahudi padha mangsuli unjuke: “Bapa kula inggih Rama Abraham.” Pangandikane Gusti Yesus: “Manawa kowe padha dadi putrane Rama Abraham kowe mesthi padha nglakoni apa kang katindakake dening Rama Abraham.

40 Nanging kang koktindakake yaiku ngarah mateni Aku, wong kang wus nglairake kayekten marang kowe, iya iku kang wus Dakrungu saka Gusti Allah; panggawe kang kaya mangkono iku ora katindakake dening Rama Abraham.

41 Kowe kabeh padha nglakoni paggawene bapakmu dhewe.” Unjuke wong-wong mau: “Lair kula punika boten saking bedhang, kula sami gadhah Rama satunggal inggih punika Gusti Allah.”

42 Pangandikane Gusti Yesus: “Manawa Gusti Allah iku Ramamu, kowe mesthi padha tresna marang Aku, awit wijilKu lan tekaKu iku saka ing Allah. Apa maneh tekaKu iku iya ora saka karepKu dhewe, nanging Panjenengane kang ngutus Aku.

43 Sabab apa kowe padha ora mangreti tembungKu? Iku awit kowe padha ora bisa nyandhak pituturKu.

44 Bapakmu iku Iblis, lan kowe padha seneng nglakoni kasenengane bapakmu iku. Dheweke dadi tukang mateni wong wiwit wiwitan mula, sarta ora ngandhemi ing kayekten, awit kayekten iku ora dumunung ing dheweke. Samasa dheweke ngucapake goroh, pangucape iku saka wateke dhewe, amarga dheweke iku tukang goroh lan bapakne sakabehing goroh.

45 Nanging sarehne Aku iki mituturake kayekten, mulane ora kokandel.

46 Sapa panunggalanmu kang mbuktekake manawa Aku tumindak dosa? Manawa Aku mituturake kayekten, sabab apa kowe padha ora pracaya marang Aku?

47 Wong kang wijile saka Allah iku mesthi ngrungokake pangandikaning Allah. Mulane kowe ora padha ngrungokake, awit asalmu iku ora saka ing Allah.”

Gusti Yesus wus ana sadurunge Rama Abraham dumadi

8:48-59

48 Wong Yahudi padha mangsuli: “Rak ya bener, ta, kandhaku yen kowe iku wong Samaria kang kapanjingan dhemit?”

49 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Aku ora kapanjingan dhemit, nanging Aku ngluhurake RamaKu sarta kowe ora padha ngajeni Aku.

50 Nanging Aku ora ngudi marang kaluhuranKu: Ana siji kang ngupaya lan Panjenengane iku uga kang ngadili.

51 Satemene pituturKu marang kowe: Sapa kang netepi ing pituturKu iku bakal ora ngalami pati ing salawas-lawase.”

52 Pangucape wong-wong Yahudi: “Saiki aku padha weruh yen Kowe iku kranjingan dhemit. Rama Abraham seda para nabi mangkono uga, mangka Kowe iku kok duwe pangucap: Sapa wong kang netepi ing pituturKu, bakal ora ngalami pati ing salawas-lawase.

53 Kowe apa ngungkuli leluhurku Rama Abraham kang wus seda! Para nabi iya padha seda. Kowe iku ngaku-aku sapa ta?”

54 Gusti Yesus mangsuli: “Manawa Aku ngluhurake awakKu dhewe, kaluhuranKu iku ora ana gunane sathithik-thithika. Kang ngluhurake Aku iku RamaKu, iya iku kang koksebut Allahmu.

55 Mangka kowe padha ora wanuh marang Panjenengane, nanging Aku kang wanuh. Saupama Aku munia yen ora wanuh, Aku dadi wong goroh padha kaya kowe. Nanging Aku wanuh marang Panjenengane, sarta netepi ing pangandikane.

56 Rama Abraham leluhurmu rena panggalihe dene bakal nguningani ing dinaKu, lan iya wus nguningani sarta ndadekake bingahe.”

57 Pangucape wong Yahudi sabanjure: “UmurMu durung nganti seket taun, kapriye anggonMu wus weruh Rama Abraham?”

58 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sadurunge Rama Abraham dumadi, Aku wus ana.”

59 Ing kono wong-wong banjur padha njupuki watu, arep mbenturi Panjenengane; nanging Panjenengane ngoncati, sarta nilar Padaleman Suci.

Bab

1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 18 19 20 21