1 “Kabeh iku Daktuturake marang kowe, supaya kowe aja padha kacuwan lan nampik marang Aku.
2 Kowe bakal padha disebratake, malah bakal tumeka ing wektune saben wong kang mateni kowe, padha rumangsa yen saos pangabekti marang Gusti Allah.
3 Wong-wong iku tumindak mangkono, awit ora padha wanuh marang Sang Rama lan uga ora wanuh marang Aku.
4a Nanging kabeh iki Daktuturake marang kowe, supaya manawa tekan ing titimangsane kowe padha eling, yen kowe wus padha Dakkandhani.”
4b “Prakara iki ora Daktuturake marang kowe saka wiwitan mula, awit nganti saiki Aku isih tetunggalan karo kowe,
5 nanging saiki Aku lunga menyang ing ngarsane Panjenengane kang wus ngutus Aku, lan panunggalanmu ora ana kang takon marang Aku: Paduka tindak dhateng pundi?
6 Ananging marga kowe padha Dakkandhani bab iku mau, temah atimu sedhih.
7 Nanging kang Dakpituturake marang kowe iki bener: Luwih maedahi marang kowe, manawa Aku lunga. Jalaran manawa Aku ora lunga, Sang Juru Panglipur iku ora bakal ngrawuhi kowe, nanging manawa Aku lunga, Sang Juru Panglipur Dakutus marang kowe.
8 Dene iku sarawuhe, bakal ngyakinake marang jagad bab dosa, bab kayekten, lan bab pangadilan;
9 bab dosa, amarga padha tetep ora pracaya marang Aku.
10 Bab kayekten, awit Aku lunga marang ing ngarsane Sang Rama lan kowe padha ora ndeleng Aku maneh;
11 bab pangandilan, amarga panggedhene jagad iki wus diadili.
12 Isih akeh prakara kang prelu Daktuturake marang kowe, nanging saiki kowe durung bisa nggayuh.
13 Nanging yen Sang Juru Panglipur iku rawuh, iya iku Rohing Kayekten, iku bakal nuntun kowe marang kayekten sasampurnane. Awit mungguh pamangsite iku ora bakal saka karsane piyambak, nanging sapamirenge iku kang bakal diwangsitake sarta kowe bakal diwartani bab-bab kang bakal kalakon.
14 Panjenengane bakal ngluhurake Aku, amarga bakal martosake marang kowe apa kang katampi saka Aku.
15 Apa sakagungane Sang Rama, iku iya duwekKu; mulane Aku pitutur: Sang Juru Panglipur bakal martosake marang kowe apa kang wus katampi saka Aku.”
16 “Mung kari sadhela kowe nuli bakal ora padha ndeleng marang Aku. Lan sadhela engkas banjur bakal padha ndeleng Aku maneh.”
17 Krungu kang kaya mangkono iku sakabate ana sawatara kang tumuli padha rasanan: “Apa ta tegese pangandikane marang aku: Kari sadhela nuli kowe padha ora ndeleng marang Aku, sadhela engkas banjur padha ndeleng Aku maneh? Lan maneh: Aku lunga menyang ngarsane Sang Rama?”
18 Pangucape: “Apa ta tegese pangandika: Mung kari sadhela? Aku padha ora ngreti apa kang dipangandikakake iku.”
19 Gusti Yesus mirsa, yen para sakabate padha sumedya munjuk miterang marang Panjenengane, banjur ngandika: “Kowe apa padha rasanan bab pituturKu mau: Mung kari sadhela nuli kowe padha ora ndeleng Aku lan sadhela engkas banjur bakal padha ndeleng Aku maneh?
20 Satemen-temene Aku pitutur ing kowe: Kowe bakal padha nangis lan sesambat, nanging jagad bakal bungah; kowe bakal padha nandhang susah, nanging kasusahanmu bakal salin dadi kabungahan.
21 Mungguh wong wadon samasa lagi nglarani, iku ngrasakake susah, nanging samasa wus nglairake bayine, wus ora kelingan maneh marang larane, marga saka bungahe dene ana manungsa kalairake ing donya.
22 Mangkono uga kowe samengko iya padha nandhang susah, nanging Aku bakal nemoni kowe maneh temahan bakal padha bungah atimu lan ora ana wong siji-sijia kang bisa ngilangake kabungahnmu iku.
23 Lan ing dina iku kowe ora bakal padha miterang apa-apa marang Aku. Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sabarang kang koksuwun marang Sang Rama, iku bakal kaparingake atas jenengKu.
24 Nganti saprene kowe durung tau nyuwun apa-apa atas saka jenengKu. Padha nyenyuwuna, kowe mesthi bakal padha kaparingan supaya sampurnaa kabungahanmu.
25 PituturKu marang kowe iku mau kabhe adhapur pasemon. Bakal ana wektune anggonKu mituturi kowe ora adhapur pasemon maneh, nanging sabarese bae anggonKu martani kowe mungguh Sang Rama.
26 Ing dina iku kowe bakal padha nyenyuwun atas saka jenengKu. Lan ora Daktuturake marang kowe, yen Aku kang bakal nyuwunake kowe marang Sang Rama,
27 awitdene Sang Rama piyambak ngasihi kowe, marga kowe wus padha tresna marang Aku, lan pracaya yen Aku iki pinangkane saka ing Allah.
28 Aku mijil saka Sang Rama, lan wus teka ing donya; Aku ninggal donya maneh sarta bali menyang ing ngarsane Sang Rama.”
29 Unjuke para sakabate: “Lah, sapunika pangandika Paduka sabaresipun kemawon, sampun boten adhapur pasemon.
30 Sapunika kawula sami sumerep, bilih Paduka mirsa samukawis lan boten susah tiyang munjuk pitaken dhateng Paduka. Pramila kawula sami pitados, bilih pinangka Paduka punika saking Gusti Allah.”
31 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa kowe saiki padha pracaya?
32 Lah, bakal tumeka ing titi-mangsane malah iya wus tumeka, kowe padha kabuyarake ing sapara-paranmu dhewe-dhewe, lan Aku koktinggal ijen. Ananging Aku ora ijen amarga Sang Rama nunggil karo Aku.
33 AnggonKu mulangake iku mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe padha oleha tentrem-rayahu ana ing Aku. Ana ing donya kowe padha nandhang panganiaya, nanging padha diteteg atimu, Aku wus ngalahake donya.”