1 Ing dina kapisan ing Minggu iku esuk umun-umun, nalika isih peteng, Maryam Magdalena menyang pasarean lan dheweke weruh manawa watu tutupe guwa wus kasingkirake saka ing pasarean.
2 Tumuli lumayu nemoni Simon Petrus lan sakabat liyane kang dikasihi dening Gusti Yesus, padha diwartani: “Gusti dipun pendhet ing tiyang saking pasarean, lan kula boten sumerep wonten ing pundi anggenipun nyarekaken.”
3 Petrus lan sakabat liyane mau banjur padha mangkat menyang pasarean.
4 Sakarone padha mlayu bebarengan, nanging sakabat liyane iku playune luwih rikat tinimbang Simon Petrus, temahan luwih dhisik tekane ing pasarean.
5 Lan bareng nginguk, weruh yen ulese wus sumeleh ing lemah; nanging dheweke ora mlebu.
6 Simon Petrus olehe nututi iya tumuli tekan sarta banjur mlebu ing pasarean, lan weruh ulese sumeleh ing lemah
7 dene lawon riwe kang maune ana ing mastakane Gusti Yesus ora awor karo ulese, nanging sumeleh rada nyele ana ing panggonan liya lan wis gulungan.
8 Sakabat liyane kang dhisik tekane ing pasarean mau iya tumuli mlebu, banjur ndeleng sarta pracaya.
9 Awit salawase sakabat-sakabat mau durung padha mangreti isine Kitab Suci kang mratelakake, yen Gusti Yesus pinesthi wungu saka ing antarane wong mati.
10 Sakabat loro mau tumuli padha mulih.
11 Nanging Maryam Magdalena ngadeg ana ing sacedhake pasarean karo nangis. Sajrone nagis nginguk ing pasarean,
12 sarta weruh ana malaekat loro ngagem-agem putih, padha lenggah, kang siji ing ulon-ulon, sijine ana ing dagan tilas panggonan sumareng layone Gusti Yesus.
13 Malaekat iku banjur padha ngandika marang Maryam: “Ibu, kena apa kowe nangis?” Ature Maryam: “Gusti kula dipun pendhet tiyang lan kula boten sumerep wonten ing pundi anggenipun nyarekaken.”
14 Sawuse matur mangkono, tumuli mengo sarta weruh Gusti Yesus jumeneng ana ing kono, nanging ora sumurup, manawa iku Gusti Yesus.
15 Gusti Yesus tumuli ngandika: “Ibu, kena apa kowe nangis? Kowe nggoleki sapa?” Panyanane Maryam iku juru taman, banjur matur: “Bapak, manawi sampeyan ingkang mendhet Panjenenganipun, kula sampeyan criyosi, wonten ing pundi anggen sampeyan nyarekaken, kula pendhetipun.”
16 Gusti Yesus tumuli ngandika: “Maryam!” Maryam banjur minger sarta munjuk ing basa Ibrani: “Rabuni!” Jarwane: Guru.
17 Pangandikane Gusti Yesus: “Aja nggepok marang Aku, awit Aku durung sowan ing ngarsane RamaKu, nanging lungaa nemonana para sadulurKu, lan padha kandhanana, manawa Aku arep sowan menyang ing ngarsane RamaKu lan Ramamu ing ngarsane AllahKu lan Allahmu.”
18 Maryam Magdalena tumuli lunga wewarta marang para sakabat: “Aku wus ndeleng Gusti!” sarta yen kang mangandikani bab-bab iku mau uga Panjenengane.
19 Bareng ing wayah bengi ing dina kapisan minggu iku para sakabate Gusti Yesus padha nglumpuk ana ing sawijining papan, lawange padha kakancing awit saka wedine marang wong Yahudi. Ing nalika iku Gusti Yesus rawuh jumeneng ana ing tengah-tengahe para sakabat sarta ngandika: “Tentrem-rayahu anaa ing kowe kabeh!”
20 Sawuse ngandika mangkono, tumuli nedahake astane lan lambunge marang para sakabat. Para sakabat iku padha bungah nalika ndeleng Gusti Yesus.
21 Gusti Yesus banjur ngandika maneh: “Tentrem-rahayu ana ing kowe kabeh! Kaya anggonKu kautus dening Sang Rama, kowe saiki iya padha Dakkongkon.”
22 Sawuse ngandika mangkono, tumuli padha didamoni, lan dipangandikani: “Padha nampanana Roh Suci.
23 Manawa kowe padha ngapura dosane wong, iku dosane diapura, lan manawa kowe padha netepake dosane, iku dosane ditetepake.”
24 Nanging Tomas, panunggalane sakabat rolas iku, kang karan Dhidhimus, nalika rawuhe Gusti Yesus mau ora nunggal karo kanca-kancane.
25 Banjur dikandhani dening para sakabat liyane iku: “Aku wus padha ndeleng Gusti!” Nanging Tomas calathu: “Manawa aku durung ndeleng tabete paku ana ing astane lan sadurunge aku ndulek tilas paku iku nganggo drijiku tuwin lambunge daklodok nganggo tanganku, aku ora bakal ngandel pisan-pisan.”
26 Bareng tumeka ing wolung dinane para sakabate Gusti Yesus padha ana ing jero omah iku maneh sarta Tomas iya ana. Gusti Yesus tumuli rawuh nalika lawange padha kakancing, banjur jumeneng ana ing tengah-tengahe para sakabat sarta ngandika: “Tentrem-rahayu anaa ing kowe!”
27 Nuli ngandika marang Tomas: “Drijimu prenekna, tanganKu tontonen, sarta tanganmu ulungna, lodokna ing lambungKu lan kowe aja nganti ora ngandel maneh, nanging kumandela!”
28 Tomas mangsuli, unjuke: “Dhuh Gusti kawula, Allah kawula!”
29 Pangandikane Gusti Yesus: “Amarga kowe wus ndeleng Aku, temah kowe kumandel. Rahayu wong kang padha ora ndeleng, nanging kumandel.”
30 Dhasar isih ana pratandha liyane akeh maneh kang katindakake dening Gusti Yesus ana ing ngarepe para sakabate, kang ora kasebut ana ing kitab iki,
31 nanging kabeh kang kamot ing kene, iku katulisan supaya kowe padha pracaya, yen Gusti Yesus iku Sang Kristus, Putrane Gusti Allah, sarta supaya srana pracayamu kowe padha nduwenana uip ana ing Asmane.