Yokanan 5 JAV

Gusti nyarasake wong lara ing dina Sabat ana ing blumbang Betesdha

5:1-18

1 Sawuse mangkono, kabener ana riyaya wong Yahudi, Gusti Yesus nuli tindak menyang ing Yerusalem.

2 Ing Yerusalem, ing sacedhak Seketheng Wedhus, ana blumbang kang ing tembung Ibrani diarani: Betesdha, kang ana bangsale lima.

3 Ing bangsal-bangsal kono akeh banget wong lara pating glethak, wong wuta, wong lara pating glethak, wong wuta, wong lumpuh, wong pincang, padha ngenteni kocaking banyu.

4 Awit ing samasa-masa ana malaekating Pangeran tumedhak ing blumbag kono ngocakake banyune, sarta manawa banyu mau kocak, sing sapa nyegur dhisik dhewe, dadi waras, sanadyan apa bae lelarane.

5 Kocapa ing kono ana wong kang nandhang lara wus telung puluh wolu taun lawase.

6 Bareng Gusti Yesus mirsa wong mau ngglethak ana ing kono, sarta ngudaneni manawa wus lawas anggone mangkono mau, wong mau tumuli dipangandikani: “Kowe apa kapengin waras?”

7 Atur wangsulane sing lara: “Dhuh, Gusti, boten wonten tiyang ingkang nyemplungaken kawula dhateng ing blumbang samasa toyanipun wiwit kocak. Dene manawi kawula saweg murugi, lajeng wonten tiyang sanes ingkang ambyur ngrumiyini kawula.”

8 Pangandikane Gusti Yesus: “Tangia, paturonmu angkaten, lan lumakua!”

9 Sanalika wong mau dadi waras, nuli ngangkat paturone lan banjur mlaku.Nanging nalika iku pinuju dina Sabat.

10 Amarga saka iku wong-wong Yahudi padha ngaruh-aruhi wong kang lagi bae waras mau, pangucape: “Iki dina Sabat, kowe ora kena ngangkat paturonmu!”

11 Nanging wangsulane wong mau: “tiyang ingkang nyarasaken kula punika ingkang dhawuh dhateng kula: Paturonmu angkaten, lumakua!”

12 Wong-wong Yahudi banjur padha takon: “Sapa wonge kang akon kowe: Paturonmu angkaten, lumakua?”

13 Nanging wong kang lagi bae waras ora weruh, iku sapa, amarga Gusti Yesus wus nylimpet ana ing tengahe wong akeh kang ana ing kono.

14 Sawuse mangkono Gusti Yesus mrangguli wong mau ana ing Padaleman Suci, banjur dipangandikani: “Kowe wus waras, aja gawe dosa maneh, supaya kowe aja nganti kataman kang luwih banget.”

15 Wonge tumuli lunga aweh weruh marang wong-wong Yahudi manawa kang marasake dheweke iku Gusti Yesus.

16 Lan marga saka iku, wong-wong Yahudi padha ngudi arep nganiaya marang Gusti Yesus, amarga nindakake kang kaya mangkono ing dina Sabat.

17 Nanging Gusti Yesus ngandika: “RamaKu nindakake pakaryan nganti saprene, mulane Aku iya uga nglakoni pagaweanKu.”

18 Kang iku wong Yahudi mundhak nemen maneh pangarahe nyedani Gusti Yesus iku, awit ora ngemungake nerak Sabat bae, nanging uga marga mastani yen Gusti Allah iku Kang Rama piyambak, dadi sarirane dipadhakake Gusti Allah.

Paseksene Gusti Yesus tumrap sarirane piyambak

5:19-47

19 Ing kono Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Satemen-temene pituturKu ing kowe: Sang Putra ora bisa nindakake apa-apa saka awake dhewe, manawa Panjenengane ora weruh kang katindakake dening Sang Rama. Sabab apa kang katindakake dening Sang Rama, iku uga katindakake dening Sang Putra.

20 Sabab Sang Rama ngasihi Sang Putra sarta Panjenengane nedahake sabarang kang ditindakake piyambak marang Sang Putra iku. Malah Panjenengane iya bakal nedahake marang Kang Putra pandamel kang luwih agung maneh katimbang karo iku, supaya kowe padha gumuna.

21 Awit padha kaya Sang Rama anggone nangekake lan nguripake wong kang padha mati, mangkono uga Sang Putra iya nguripake sok wonga kang dikarsakake.

22 Dene Sang Rama ora ngadili sapa bae, nanging pangandilan iku wus dipasrahake marang Sang Putra,

23 supaya kabeh wong padha ngurmatana marang Sang Putra kayadene anggone ngurmati marang Sang Rama. Sing sapa ora ngurmati marang Sang Putra, iku uga ora ngurmati marang Sang Rama kang ngutus Panjenengane.

24 Satemen-temene pituturKu ing kowe: Wong kang ngrungokake ing pituturKu, sarta pracaya marang kang ngutus Aku, iku nduweni urip langgeng, tuwin bakal ora bakal katut kaukum, jalaran wus ngalih saka ing pati marang urip.

25 Satemen-temene pituturKu ing kowe, bakal tumeka ing wektune, malah wus tumeka ing wektune, wong mati padha krungu swarane Putraning Allah. Sarta kang padha ngrungokake iku bakal urip.

26 Sabab padha kaya Sang Rama anggone kagungan gesang ing sarirane piyambak, mangkono uga Sang Putra iya wus kaparengake kagungan gesang piyambak.

27 Sarta maneh wus kaparingan panguwasa ngasta pangadilan, amarga Panjenengane iku Putraning Manungsa.

28 Kowe aja padha gumun marang prakara iku mau. Sabab bakal tumeka ing wektune: Sakehe wong kang ana ing kubur padha krungu swarane,

29 banjur metu, kang kalakuane becik tangi lan urip ing salawase, kang kalakuane ala tangi lan banjur kaukum.

30 Aku ora bisa nindakake apa-apa saka awakKu dhewe, anggonKu ngadili iku laras karo apa kang Dakrungu, sarta putusanKu adil. Amarga ora nuruti karepKu dhewe, nanging manut karsane kang ngutus Aku.

31 Manawa Aku nekseni mungguh ing awakKu dhewe, paseksenKu mau ora bener.

32 Ana liyane kang nekseni mungguh ing Aku, lan Aku weruh yen paseksen kang dilairake mungguh ing Aku iku bener.

33 Kowe wus padha kongkonan marang Nabi Yokanan, lan iku wus nekseni ing bab kayekten.

34 Nanging Aku iki ora mbutuhake paseksen saka manungsa. AnggonKu tutur mangkono iku supaya kowe padha kapitulungan rahayu.

35 Nabi Yokanan iku minangka damar kang murub lan kang madhangi, nanging kowe iku mung sawatara mangsa bae anggonmu gelem nikmati padhange.

36 Nanging Aku iki nduweni paseksen kang ngungkuli paseksene Nabi Yokanan, iya iku sakabehing ayahan kang kaparingake Sang Rama marang Aku, supaya Daktindakake. Ayahan mau iya kang Daktindakake saiki, kang adi paseksene anggonKu kautus dening Sang Rama.

37 Karodene Sang rama kang ngutus Aku iku wus nekseni piyambak ing ngatase Aku. Kowe ora tau krungu swatane utawa nyumurupi citrane,

38 apadene pangandikane ora tetep dumunung ing kowe, awit kowe padha ora ngandel marang kang diutus.

39 Kowe padha niti priksa Kitab-kitab Suci, awit pandugamu marga saka Panjenengane kowe nduweni urip langgeng. Nanging sanadyan Kitab-kitab Suci iku nekseni ing bab Aku,

40 suprandene kowe padha lumuh marani Aku supaya nduwenana urip iku.

41 Aku ora kepengin diurmati dening manungsa.

42 Nanging tumrap kowe, Aku wus weruh, manawa padha ora kadunungan katresnan sajroning atimu marang Gusti Allah.

43 TekaKu iki atas asmane RamaKu, nanging ora koktampani. Manawa ana wong liya kang teka atas jenenge dhewe iku bakal koktampani.

44 Kowe iku anggonmu pada bisa pracaya kapriye, dene padha purih-pinurih ing kaurmatan, mangka kaurmatan kang saka Gusti Allah Kang Maha-Tunggal iku ora kokgayuh.

45 Kowe aja padha duwe pangira yen Aku kang bakal nggugat kowe ana ing ngarsane Sang Rama, kang nggugat kowe iya iku Nabi Musa, yaiku Nabi Musa dununging pangarep-arepmu.

46 Sabab saupama kowe padha pracaya marang Nabi Musa, mesthi iya pracaya marang Aku, amarga Aku wus diwecakake ana ing tulisane.

47 Nanging manawa kowe padha ora ngandel marang tulisane Nabi Musa, kapriye anggonmu bakal padha pracaya marang kang Dakkandhakake?”

Bab

1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 18 19 20 21