Yokanan 12 JAV

Maryam njebadi sarirane Gusti Yesus

12:1-11

1 Nalika Paskah kurang nem dina, Gusti Yesus rawuh ing Betania panggonane Lazarus kang wus ditangekake saka ing antarane wong mati.

2 Ana ing kono Panjenengane kasugata dhahar lan Marta ngladeni, dene Lazarus iku panunggalane kang ndherek kembulan karo Gusti Yesus.

3 Maryam banjur njupuk lenga jebad nared tulen kang akeh ajine, bobote satengah kati, banjur dijebadake ing sampeyane Gusti Yesus, tumuli diusapi kalawan rambute. Ing sajroning omah kabeh kongsi kebak gandane jebad mau.

4 Nanging sawijining sakabate Gusti Yesus kang aran Yudas Iskariot, kang bakal ngulungake Panjenengane, banjur ngucap:

5 “Yagene lenga jebad iku ora diedol telung atus dinar, banjur didanakake marang para wong miskin?”

6 Ujare kang mangkono iku ora marga dheweke iku mikirake wong miskin, nanging awit ambeke culika, dheweke kerep nylingkuhake dhuwit kang dicekel.

7 Gusti Yesus tumuli ngandika: “Nengna bae dheweke tumindak mangkono, iku kacadhangake kanggo ing dinane anggonKu kakubur.

8 Awit wong-wong miskin iku salawase ana ing kowe, nanging Aku iki anaKu ing kowe ora salawase.”

9 Anadene akeh wong Yahudi kang krungu warta, manawa Gusti Yesus ana ing kono lan padha teka ora mung marga saka Gusti Yesus bae, ananging uga padha arep ndeleng Lazarus, kang wus ditangekake saka ing antarane wong mati.

10 Para pangarepe imam tumuli padha pirembugan, sumedya mateni Lazarus pisan,

11 sabab marga saka Lazarus iku wong Yahudi akeh kang padha nyingkur marang para pangarepe imam, lan pracaya marang Gusti Yesus.

Gusti Yesus diarak rawuh ing Yerusalem

12:12-19

12 Esuke bareng wong akeh kang padha teka mahargya riyaya krungu warta, manawa Gusti Yesus isih ana ing dalan arep tindak menyang Yerusalem,

13 wong-wong iku banjur padha njupuki papahe wit palem, tumuli metu padha methukake Panjenengane, kambi surak-surak:“Hosana!Binerkahana Panjenenganipun ingkang rawuh atas asmanipun Pangeran, Ratunipun Israel!”

14 Gusti Yesus banjur manggih kuldi isih belo, tumuli dititihi, nocogi kang katulisan mangkene:

15 “He, putri Sion, sira aja wedi,lah, tontonen Ratunira rawuh,nitih beloning kuldi.”

16 Para sakabate Gusti Yesus ing wiwitan ora nyandhak marang prakara iku, nanging sawise Gusti Yesus kaluhurake, lagi padha kelingan, yen nas iku kagem Panjenengane lan manawa bab iku wus katindakake uga kagem Panjenengane.

17 Anadene wong akeh kang ndherekake Panjenengane nalika nimbali Lazarus metu saka ing kubur lan nangekake saka ing antarane wong mati, padha nekseni ing bab Panjenengane.

18 Mulane Panjenengane dipethuk dening wong akeh iku, marga padha krungu warta, manawa Panjenengane kang nindakake mukjijat iku.

19 Para wong Farisi banjur padha sapocapan: “Kowe wus padha weruh dhewe, yen kowe padha ora oleh gawe babar pisan; tontonen, wong sajagad kabeh padha ngetut-buri Dheweke.”

Gusti Yesus mratelakake bab sedane

12:20-36

20 Ing antarane wong-wong kang nekani riyaya arep sembahyang iku, ana wong Yunani sawatara.

21 Wong-wong iku padha marani Filipus, kang saka ing Betsaida tanah Galilea, padha calathu marang dheweke: “Kisanak, kula sami kapengin badhe sowan manggihi Gusti Yesus.”

22 Filipus tumuli lunga ngandhani Andreas; Filipus karo Andreas tumuli padha lunga munjuk marang Gusti Yesus.

23 Ananging Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Wus tekan wektune Putrane Manungsa kaluhurake.

24 Satemen-temene pituturKu marang kowe: Manawa wiji gandum ora tumiba ing lemah, lan mati, mesthi tetep saelas bae; nanging manawa wiji iku mati, bakal metokake woh akeh.

25 Sapa kang nresnani nyawane, iku bakal kelangan nyawane, nanging sapa kang ora nresnani nyawane ana ing donya iki, iku kang bakal ngrumati nyawane kanggo urip kang langgeng.

26 Sapa kang ngawula marang Aku, padha ngetut-buria Aku lan ing ngendi padunungananKu, kawulaKu iya bakal ana ing kono uga. Sing sapa ngawula Aku, dheweke bakal diajeni dening Sang Rama.

27 Saiki nyawaKu trenyuh. Lan Aku bakal matur apa? Dhuh, Rama, Paduka mugi ngluwari Kawula saking wekdal punika? Ora, awit iya iku prelune anggonKu teka ing wektu iki.

28 Dhuh Rama, Paduka mugi ngluhuraken asma Paduka!” Tumuli ana swara saka ing swarga: “Wus Ingsun luhurake, lan bakal Ingsun luhurahe maneh!”

29 Wong akeh kang padha ngadeg ana ing kono lan krungu swara mau padha ngarani, yen iku mau swaraning gludhug. Saweneh ana kang ngucap: “Iku malaekat kang imbal pangandika karo Panjenengane.” Gusti Yesus tumuli ngandika:

30 “Anane swara mau kaprungu ora marga saka Aku, nanging marga saka kowe.

31 Samengko ana pangadilan ing ngatase jagad iki: Samengko uga panggedhene jagad iki bakal kabuwang metu;

32 dene Aku, samasa wus kasengkakake saka ing bumi, Aku bakal nggendeng sakabehing wong supaya padha rumaket marang Aku.”

33 Pangandikane kang mangkono iku kanggo mratelakake patrap bakal sedane.

34 Wong akeh tumuli mangsuli: “Pamireng kula saking angger-anggering Toret, Sang Kristus punika badhe tetep gesang ing salami-laminipun; kadospundi dene Panjenengan ngandika, bilih Putraning Manungsa pinasthi kasengkakaken? Menggah Putranipun Manungsa punika sinten?”

35 Gusti Yesus tumuli ngandika: “Pepadhang iku ana ing kowe mung kari sagebyaran bae. Sasuwene pepadhang iku ana ing kowe, pracayaa marang dheweke, supaya kowe aja nganti kesaput ing pepeteng, sing sapa lumaku ana ing pepeteng, iku ora weruh menyang ngendi parane.

36 Mumpung kowe padha kanggonan pepadhang, padha pracayaa marang pepadhang iku, supaya kowe padha dadia ahlining pepadhang.”Sawuse ngandika mangkono, Gusti Yesus tumuli tindak asingidan.

Wong kang wangkot lan kang pracayane ora dilairake

12:37-43

37 Sanadyan Gusti Yesus wus nindakake mukjijat samono akehe ana ngarepe wong-wong iku, ewadene padha ora pracaya marang Panjenengane,

38 supaya kayektenana pamedhar wangsite Nabi Yesaya, mangkene:“Dhuh, Pangeran, sinten ingkang pitados dhateng pawartos kawula?Punapa dene sinten ingkang kawedharan asta panguwaosing Pangeran?”

39 Marga saka iku mulane wong-wong padha ora pracaya, jalaran Nabi Yesaya wus ngandika uga mangkene:

40 “Panjenengane wus padha micakake mripate lan mangkalake atine, supaya aja padha nganti ndeleng sarana mripate lan mangreti sarana atine, temah padha mratobat sarta Sunwarasake.”

41 Bab iki dipangandikakake dening Nabi Yesaya marga wus ningali kamulyane sarta wus mangandikakake bab Panjenengane.

42 Suprandene akeh uga para panggedhe kang padha pracaya marang Gusti Yesus, nanging marga saka para wong Farisi, pracayane mau ora kanthi blak-blakan, supaya aja nganti disebratake.

43 Awitdene padha luwih seneng marang kaurmatan kang saka manungsa tinimbang karo kaurmatan kang saka ing Gusti Allah.

Pitutur kang ngadili

12:44-50

44 Nanging Gusti Yesus banjur nguwuh pangandikane: “Sing sapa pracaya marang Aku, iku ora pracaya marang Aku, nanging pracaya marang Panjenengane kang ngutus Aku.

45 Sarta sing sapa nyawang Aku, iku nyawang Panjenengane kang ngutus Aku.

46 Aku wus teka ing jagad dadi pepadhang, supaya sok wonga kang pracaya marang Aku, aja tetep ana ing pepeteng.

47 Lan manawa wong ngrungokake pituturKu, nanging ora nindakake, Aku ora dadi hakime, awitdene tekaKu iki ora supaya ngadili jagad, nanging mitulungi rahayu.

48 Sing sapa nampik Aku, lan ora nampani pituturKu, iku wus ana kang ngadili, yaiku pitutur kang wus Dakwedharake, iku kang bakal ngadili besuk ing dina wekasan.

49 Awit Aku mituturi iku ora saka Aku dhewe, nanging saka Sang Rama kang ngutus Aku; Panjenengane iku kang paring dhawuh marang Aku, supaya ngandhakake apa kang kudu Daktuturake lan kang Dakterusake.

50 Lan Aku sumurup, yen dhawuhe iku urip kang langgeng. Dadine apa kang Dakkandhakake iku anggonKu nglairake kaya kang didhawuhake dening Sang Rama marang Aku.”

Bab

1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 18 19 20 21