19 Iki paseksene Nabi Yokanan nalika wong Yahudi saka ing Yerusalem kongkonan para imam lan para wong Lewi, dikon matur pitakon: “Panjenengan punika sinten?”
20 Nabi Yokanan ngaken kanthi bares: “Aku iki dudu Sang Kristus.”
21 Pitakone kongkonan: “Manawi makaten panjenengan punika sinten? Punapa Nabi Elia?” Paring wangsulane Nabi Yokanan: “Dudu.”
22 Ing kono ature kongkonan: “Panjenengan punika sinten, supados kula sami saged mratelakaken dhateng ingkang kengkenan kula. Pengaken panjenengan tumrap sarira panjenengan kadospundi?”
23 Pangandikane Nabi Yokanan: “Aku iki swarane wong kang nguwuh-uwuh ana ing pasamunan: Padha ngencengna margi ambah-ambahane Pangeran! Kaya kang wus dipangandikakake dening Nabi Yesaya.”
24 Mungguh ing antarane para kongkonan mau ana wonge Farisi sawatara.
25 Iku banjur nyuwun pirsa maneh: “Manawi panjenengan sanes Sang Kristus, sanes Nabi Elia, sanes nabi ingkang sami kula antos-antos, punapaa dene panjenengan kok mawi mbaptis?”