44 Filipus mau wong saka ing Betsaida, kuthane Andreas lan Petrus.
45 Filipus ketemu Natanael, banjur dituturi mangkene: “Aku wus padha ketemu karo kang kasebutake dening Nabi Musa sajroning Toret sarta dening para nabi, iya iku Gusti Yesus putrane Bapak Yusuf, saka ing Nasaret.”
46 Pangucape Natanael: “Saka Nasaret apa ana barang kang becik?”
47 Wangsulane Filipus: “Ayo, ndelenga!” Bareng Gusti Yesus mirsa Natanael sowan ing ngarsane, banjur ngandika bab dheweke: “Lah, iku wong Israel sajati, kang ora kadunungan cidra.”
48 Natanael banjur munjuk: “Paduka nguningani kawula saking pundi?” Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Sadurunge kowe diajak dening Filipus, Aku weruh kowe ana ing sangisore wit anjir.”
49 Natanael munjuk maneh: “Dhuh Rabbi, paduka punika Putranipun Allah, Paduka punika Ratunipun Israel.”
50 Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Olehmu pracaya iku apa awit anggon-Ku pitutur ing kowe: Aku weruh kowe ana ing sangisore wit anjir? Kowe bakal weruh lelakon-lelakon kang luwih elok katimbang karo iku.”