48 Natanael banjur munjuk: “Paduka nguningani kawula saking pundi?” Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Sadurunge kowe diajak dening Filipus, Aku weruh kowe ana ing sangisore wit anjir.”
49 Natanael munjuk maneh: “Dhuh Rabbi, paduka punika Putranipun Allah, Paduka punika Ratunipun Israel.”
50 Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Olehmu pracaya iku apa awit anggon-Ku pitutur ing kowe: Aku weruh kowe ana ing sangisore wit anjir? Kowe bakal weruh lelakon-lelakon kang luwih elok katimbang karo iku.”
51 Banjur dipangandikani dening Gusti Yesus mangkene: “Satemene pitutur-Ku ing kowe, kowe bakal padha weruh langit menga, lan para malaekating Allah padha mudhun lan munggah marang Putraning Manungsa.”