5 Anadene Sang Padhang nelahi sajroning pepeteng, lan ora kalindhih dening pepeteng iku.
6 Ana priya rawuh kautus dening Allah asmane Yokanan.
7 Rawuhe dadi seksi, kapatah nekseni bab Sang Padhang, supaya dadia lantarane wong kabeh padha pracaya.
8 Panjenengane iku dudu Sang Padhang piyambak, mung kapatah nekseni bab Sang Pedhang.
9 Sang Padhang kang sajati kang madhangi saben wong, iku lagi ngrawuhi jagad.
10 Panjenengane wus ana ing jagad, dhasar jagad iku dumadine iya dening Panjenengane, nanging jagad iku ora wanuh marang Panjenengane.
11 Rawuhe murugi kagungane, nanging para kagungane iku ora gelem nampani.