13 Anggone lumayu iku jalaran mung buruh, lan ora gumati marang wedhus-wedhuse iku.
14 Aku iki pangon kang utama sarta Aku niteni kang dadi wedhus-wedhusKu lan wedhus-wedhusKu padha wanuh marang Aku
15 kayadene Sang Rama anggone tepang marang Aku sarta Aku wanuh marang Sang Rama, sarta Aku ngetohake nyawaKu kanggo wedhus-wedhusKu.
16 Aku isih duwe wedhus liyane maneh, kang ora saka ing kandhang kene; wedhus-wedhus iku iya prelu Dakgiring uga, lan bakal padha ngrungokake swaraKu sarta bakal dadi pepanthan siji, pangon siji.
17 Sang Rama ngasihi Aku, jalaran Aku ngulungake nyawaKu supaya Daktampani maneh.
18 Ora ana wong siji bae kang ngrebut nyawaKu, nanging Dakulungake miturut sakarepKu dhewe. Aku kuwasa ngulungake, lan kuwasa ngukup maneh. Dhawuh iki kang Daktampa saka RamaKu.”
19 Marga saka pangandika kang mangkono iku tumuli tuwuh pasulayan maneh antarane wong-wong Yahudi. Panunggalane akeh kang duwe pangucap mangkene: