17 Sang Rama ngasihi Aku, jalaran Aku ngulungake nyawaKu supaya Daktampani maneh.
18 Ora ana wong siji bae kang ngrebut nyawaKu, nanging Dakulungake miturut sakarepKu dhewe. Aku kuwasa ngulungake, lan kuwasa ngukup maneh. Dhawuh iki kang Daktampa saka RamaKu.”
19 Marga saka pangandika kang mangkono iku tumuli tuwuh pasulayan maneh antarane wong-wong Yahudi. Panunggalane akeh kang duwe pangucap mangkene:
20 “Wong iku kapanjingan dhemit sarta owah; yagene padha kokrungokake?”
21 Ana liyane kang calathu: “Iku rak dudu tembunge wong kranjingan dhemit; apa dhemit bisa ngelekake mripate wong-wong wuta?”
22 Ora antara lawas, ing Yerusalem pinuju riyaya Pambangune Padaleman Suci; nalika samana mbeneri mangsa bedhidhing.
23 Gusti Yesus tindak-tindak ana ing Padaleman Suci, ing bangsal Suleman.