22 Ora antara lawas, ing Yerusalem pinuju riyaya Pambangune Padaleman Suci; nalika samana mbeneri mangsa bedhidhing.
23 Gusti Yesus tindak-tindak ana ing Padaleman Suci, ing bangsal Suleman.
24 Ing kono wong-wong Yahudi banjur padha ngrubung Panjenengane lan padha munjuk: “Ngantos pinten dangunipun anggen Panjenengan damel mangu-mangunipun manah kula? Manawi Panjenengan punika Sang Kristus, Panjenengan blakakaken dhateng kula sadaya.”
25 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe wus padha Daktuturi nanging padha ora pracaya; panggawe kang Daklakoni atas asmane RamaKu, iku kang padha nekseni mungguhing Aku,
26 nanging kowe padha ora pracaya, amarga kowe dudu panunggalane wedhus-wedhusKu.
27 Wedhus-wedhusKu padha nilingake swaraKu, sarta Aku wanuh marang wedhus-wedhusKu, lan wedhus-wedhusKu padha ngetut-buri Aku,
28 apadene padha Dakwenehi urip langgeng, lan dheweke mesthi ora bakal padha nemu karusakan salawas-lawase lan ora bakal ana wong kang ngrebut wedhus-wedhus iku saka ing tanganKu.