26 nanging kowe padha ora pracaya, amarga kowe dudu panunggalane wedhus-wedhusKu.
27 Wedhus-wedhusKu padha nilingake swaraKu, sarta Aku wanuh marang wedhus-wedhusKu, lan wedhus-wedhusKu padha ngetut-buri Aku,
28 apadene padha Dakwenehi urip langgeng, lan dheweke mesthi ora bakal padha nemu karusakan salawas-lawase lan ora bakal ana wong kang ngrebut wedhus-wedhus iku saka ing tanganKu.
29 RamaKu kang maringake wedhus-wedhus iki marang tanganKu, iku kaluhurane ngungkuli samubarang kabeh, lan ora ana kang bisa ngrebut wedhus-wedhus mau saka ing astane RamaKu.
30 Aku lan Sang Rama iku siji.”’
31 Wong Yahudi tumuli njupuki watu maneh, arep kanggo mbenturi Panjenengane.
32 Pangandikane Gusti Yesus: “Wus akeh panggawe utama kang saka RamaKu kang Daktuduhake marang kowe. Panggawe iku mau endi kang dadi jalarane kowe arep padha mbenturi watu marang Aku?”