3 Iku kang diwengani dening kang tunggu lawang sarta wedhus-wedhuse padha nilingake swarane lan dheweke tumuli ngundangi wedhus-wedhuse manut jenenge dhewe-dhewe sarta banjur digiring metu.
4 Manawa wedhuse iku wus diwetokake kabeh, dheweke lumaku ing ngarep lan wedhuse padha ngetut-buri, marga wedhus-wedhus mau niteni swarane.
5 Nanging wong liya mesthi ora ditutburi, malah ditinggal mlayu, marga wedhus-wedhus iku ora wanuh marang swarane wong-wong liyane.”
6 Pasemon iku dipangandikakake dening Gusti Yesus marang wong-wong mau, nanging padha ora ngreti tegese pangandika iku.
7 Gusti Yesus tumuli ngandika maneh: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Iya Aku iki lawange wedhus-wedhus iku.
8 Sakehe wong kang tekane sadurunge Aku, iku maling lan rampog, lan wedhus-wedhus iku ora padha ngrungokake marang wong-wong iku.
9 Aku iki lawange; sapa kang lumebune metu ing Aku, iku bakal kapitulungan rahayu, sarta bakal lumebu lan metu, apadene bakal nemu pangonan.