2 Dene Maryam iya iku wong wadon kang wus tau njebadi sampeyane Gusti kalawan lenga wangi, sarta banjur diusapi nganggo rambute.
3 Anadene Lazarus kang lagi lara iku sadulure. Wong wadon loro iku banjur padha kongkonan munjuk marang Gusti Yesus, mangkene: “Gusti, tiyang ingkang Paduka tresnani punika sakit.”
4 Gusti Yesus bareng miyarsa kabar iku banjur ngandika: “Larane iku ora ndadekake patine, nanging bakal mbabarake kaluhuraning Allah, awit marga saka larane iku Putraning Allah bakal kaluhurake.”
5 Anadene Marta lan mbakyune tuwin Lazarus iku, pancen padha ditresnani dening Gusti Yesus.
6 Nanging sawuse miyarsa yen Lazarus lara, Gusti Yesus nemaha kendel rong dina maneh ana ing palerebane.
7 Ewadene sawuse mangkono banjur ngandika marang para sakabate: “Payo padha bali menyang tanah Yudea maneh.”
8 Unjuke para sakabat: “Rabbi, saweg kemawon tiyang Yahudi sami nyobi mbenturi sela Paduka, punapa Paduka taksih karsa tindak mrika malih?”