33 Bareng Gusti Yesus pirsa Maryam nangis, mangkono uga wong Yahudi kang padha ngetutake, temah rengu ing panggalih. Panjenengane trenyuh banget lan tumuli ngandika:
34 “Anggonmu ngubur ana ing ngendi?” Kang kadangu banjur munjuk: “Sumangga Gusti, kawula aturi mirsani!”
35 Gusti Yesus muwun.
36 Calathune wong-wong Yahudi: “Delengen, samono anggone ngasihi!”
37 Nanging ana saweneh kang muni: “Panjenengane kang wis ngelekake mripate wong wuta, apa iya ora bisa murungake patine wong iki?”
38 Gusti Yesus tumuli rengu maneh sajroning panggalih, banjur nyelaki kuburan, kang adhapur guwa ditutupi watu.
39 Pangandikane Gusti Yesus: “Watune singkirna!” Marta, sadulure kang ngajal mau, munjuk: “Gusti, sampun mambet, amargi anggenipun pejah sampun sakawan dinten.”