35 Gusti Yesus muwun.
36 Calathune wong-wong Yahudi: “Delengen, samono anggone ngasihi!”
37 Nanging ana saweneh kang muni: “Panjenengane kang wis ngelekake mripate wong wuta, apa iya ora bisa murungake patine wong iki?”
38 Gusti Yesus tumuli rengu maneh sajroning panggalih, banjur nyelaki kuburan, kang adhapur guwa ditutupi watu.
39 Pangandikane Gusti Yesus: “Watune singkirna!” Marta, sadulure kang ngajal mau, munjuk: “Gusti, sampun mambet, amargi anggenipun pejah sampun sakawan dinten.”
40 Pangandikane Gusti Yesus: “Apa Aku ora wus tutur marang kowe: Angger kowe pracaya mesthi bakal weruh kamulyaning Allah?”
41 Watune tumuli disingkirake. Gusti Yesus banjur tumenga sarta matur: “Dhuh Rama, Kawula saos sokur dhumateng Paduka, dene Paduka sampun nyembadani dhateng Kawula.