29 Sarehne Yudas kang nyekel kas, ana kang duwe pangira manawa Gusti Yesus ngutus Yudas tuku apa-apa kang prelu kanggo riyaya iku, utawa didhawuhi dedana marang wong miskin.
30 Yudas nampani roti iku banjur enggal-enggal lunga. Nalika iku wayahe wis wengi.
31 Sawuse Yudas lunga, Gusti Yesus banjur ngandika: “Samengko Putraning Manungsa kaluhurake sarta Gusti Allah kaluhurake ana ing sarirane.
32 Manawa Gusti Allah kaluhurake ana ing sarirane, Gusti Allah iya bakal ngluhurake Panjenengane ana ing sarirane piyambak, malah Panjenengane bakal tumuli kaluhurake.
33 He, anak-anakuKu, anggonKu tunggal karo kowe mung kari sadhela. Kowe bakal padha nggoleki Aku, kayadene anggonKu wus tutur marang wong Yahudi: Ing ngendi paranKu, kowe ora bakal padha bisa mrana, saiki Aku iya pitutur mangkono marang kowe.
34 Kowe padha Dakwenehi pepakon anyar, iya iku supaya kowe padha tresna-tinresnanana: dikaya anggonKu wus tresna marang kowe, kowe iya padha tresna-tinresnanana uga.
35 Kanthi mangkono saben wong bakal padha weruh, yen kowe padha dadi siswaKu, yaiku manawa kowe padha tresna-tinresnan.”