4 Gusti Yesus banjur jumeneng sarta lukar pangageman lan mundhut lawon banjur diubetake ing sarirane,
5 tumuli ngesok banyu ing pawisuhan, sarta wiwit ngwijiki sikile para sakabate lan kausapan kalawan lawon kang kaubetake ing sarirane mau.
6 Sarawuhe ing panggonane Simon Petrus, Petrus tumuli munjuk: “Gusti Paduka badhe ngwijiki suku kawula?”
7 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa kang Daktindakake, saiki kowe durung nyandhak tegese, nanging besuk kowe bakal mangreti.”
8 Unjuke Petrus: “Paduka sampun ngantos ngwijiki suku kawula ing salami-laminipun.” Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Manawa Aku ora ngwisuhi kowe, kowe ora nduweni panduman ana ing Aku.”
9 Unjuke Simon Petrus: “Gusti, sampun ngamungaken suku kawula kemawon, nanging dalah tangan saha sirah pisan.”
10 Pangandikane Gusti Yesus: “Wong kang wus adus, ora susah adus maneh, cukup mung wisuh sikil bae, awit badane sakojur wus resik. Mangkono uga kowe iku wus resik, mung bae ora kabeh.”