8 Kang dadi margane RamaKu kaluhurake, yaiku manawa kowe padha metokake woh akeh; sarta marga saka mangkono kowe padha tetela yen dadi siswaKu.”
9 “Kaya Sang Rama wus ngasihi Aku, mangkono uga Aku iya wus ngasihi kowe; padha tetepa dumunung ing sihKu iku.
10 Manawa kowe netepi pepakonKu, kowe mesthi padha tetep dumunung ing sihKu, padha kaya anggonKu wus netepi dhawuhe RamaKu lan tetep dumunung ing sihe.
11 Kabeh iku Daktuturake marang kowe, supaya kabungahanKu dumununga ing kowe lan kabungahanmu dadia sampurna.
12 PapakonKu iku mangkene, iya iku supaya kowe padha tresna-tinresnanana, dikaya anggonKu wus nresnani kowe.
13 Ora ana katresnan kang gedhene ngluwihi katresnaning wong kang ngetohake nyawane kanggo nglabuhi mitra-mitrane.
14 Kowe iku mitraKu, manawa kowe padha nglakoni pepakonKu marang kowe.