8 Amargi sadaya Pangandika ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula punika sampun Kawula tampekaken dhateng tiyang-tiyang wau saha sampun dipun tampeni. Punapadene sampun sami sumerep saestu, bilih pinangka Kawula punika saking Paduka lan sami pitados, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.
9 Kawula ndongakaken tiyang-tiyang punika. Sanes jagad ingkang Kawula dongakaken, nanging tiyang-tiyang peparing Paduka dhateng Kawula punika, awit punika sami kagungan Paduka
10 lan sadaya gadhahan Kawula inggih kagungan Paduka sarta kagungan Paduka inggih gadhahan Kawula, saha Kawula sampun kaluhuraken wonten ing tiyang-tiyang punika.
11 Wondene Kawula sampun boten wonten ing donya malih, nanging tiyang-tiyang punika taksih wonten ing donya, tuwin Kawula sowan dhateng ing ngarsa Paduka. Dhuh Rama ingkang Suci, tiyang peparing Paduka dhateng Kawula punika mugi Paduka reksa wonten ing asma Paduka, inggih punika asma Paduka ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, supados tiyang-tiyang wau sami dados satunggal kadosdene Paduka kaliyan Kawula.
12 Salaminipun Kawula nunggil kaliyan tiyang-tiyang punika, Kawula ingkang ngreksa wonten ing asma Paduka, inggih punika asma ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula; Kawula sampun rumeksa dhateng tiyang-tiyang wau ngantos boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang ical kajawi namung tiyang satunggal ingkang sampun pinesthi kedah ical, supados kayektosana, wiraosing Kitab Suci.
13 Nanging samangke, Kawula sowan dhateng ing ngarsa Paduka, lan Kawula ngaturaken sadaya punika ing salebetipun Kawula taksih wonten ing donya, supados sampurnaa kabingahan Kawula wonten ing tiyang-tiyang wau.
14 Tiyang-tiyang wau sampun sami Kawula sukani pangandika Paduka, lan sami dipun sengiti dening jagad, amargi pinangkanipun boten saking jagad, kadosdene pinangka Kawula punika inggih boten saking jagad.