19 Ing kono Imam Agung banjur wiwit ndangu marang Gusti Yesus bab para sakabate lan bab kang diwulangake.
20 Wangsulane Gusti Yesus: “AnggonKu mituturi jagad iku ana ing ngedhengan: AnggonKu mulang ing salawase ana ing papan-papan pangibadah utawa ing Padaleman Suci, yaiku papan pakumpulane kabeh wong Yahudi; Aku ora tau rembugan apa-apa kalawan dhedhelikan.
21 Apa sababe kowe takon marang Aku? Takona marang wong-wong iku, kang wus padha krungu apa kang Dakkandhakake marang wong-wong iku. Iku wus padha nyumurupi temenan apa kang Dakkandhakake.”
22 Nalika Panjenengane ngandika mangkono iku, panunggalane para tukang jaga kang ngadeg sacedhake kono, banjur napuk pasuryane Gusti Yesus kambi calathu: “Mangkono iku saurMu marang Imam Agung?”
23 Gusti Yesus tumuli mangsuli pangandikane: “Manawa tembungKu iku luput, tuduhna lupute, nanging manawa bener sabab apa kowe kok napuk Aku?”
24 Gusti Yesus banjur kapurugake kalawan bebestan menyang ing ngarsane Sang Kayafas kang jumeneng Imam Agung.
25 Simon Petrus isih ngadeg api-api. Tembunge wong-wong kang ana ing kono marang Petrus: “Dika rak enggih panunggalane sakabate, ta?”