23 Gusti Yesus tumuli mangsuli pangandikane: “Manawa tembungKu iku luput, tuduhna lupute, nanging manawa bener sabab apa kowe kok napuk Aku?”
24 Gusti Yesus banjur kapurugake kalawan bebestan menyang ing ngarsane Sang Kayafas kang jumeneng Imam Agung.
25 Simon Petrus isih ngadeg api-api. Tembunge wong-wong kang ana ing kono marang Petrus: “Dika rak enggih panunggalane sakabate, ta?”
26 Petrus selak, pangucape: “Sanes.” Sawijine abdine Imam Agung, kalebu sanake kang kaperung kupinge dening Petrus, tumuli calathu: “Napa kula boten weruh dika wonten ing pataman sareng kalih Wong niku?”
27 Petrus banjur selak maneh lan nalika iku ana jago kluruk.
28 Gusti Yesus banjur diladosake saka ing daleme Imam Agung Kayafas menyang ing gedhong pangadilan. Nalika iku wayahe isih esuk. Kang ngladosake mau padha ora lumebu dhewe ing gedhong pangadilan, supaya aja kongsi kena ing najis, awit arep padha mangan Paskah.
29 Mula Sang Pilatus kang miyos, sarta ngandika: “Panggugatmu marang Wong iku bab prakara apa?”