36 Gusti Yesus mangsuli: “Kraton Kula boten saking donya punika; manawi kraton Kula saking donya punika, mesthi tiyang-tiyang Kula sami lumawan ing perang, supados Kula sampun ngantos kaulungaken dhateng tiyang Yahudi. Nanging kraton Kula boten saking ngriki.”
37 Sang Pilatus banjur ngandika: “Dados punapa Panjenengan punika inggih ratu?” Wangsulane Gusti Yesus: “Panjenengan sampun mastani, bilih Kula punika ratu. Inggih punika prelunipun Kula lair lan inggih punika prelunipun Kula dhateng donya, supados Kula neksenana ing kayektosan; sinten tiyang ingkang aslinipun saking kayektosan mesthi mirengaken swara Kula.”
38a Pangandikane Sang Pilatus: “Kayektosan punika punapa?”
38b Sawuse ngandika mangkono, Sang Pilatus tumuli miyos manggihi wong-wong Yahudi maneh sarta ngandika: “Mungguh ing aku Wong iki ora ana kaluputane apa-apa.
39 Nanging kowe padha duwe adat, samasa riyaya Paskah kowe padha daklilani nyuwun luware wong siji. Kang iku apa karepmu kang daklilakake marang kowe ratune wong Yahudi?”
40 Ing kono wong-wong padha mbengok maneh: “Sampun Piyambakipun, Barabas kemawon!” Anadene Barabas iku sawijining begal.