4 Anadene Gusti Yesus wus mirsa apa sabarang kang bakal nempuh marang sarirane, banjur majeng sarta ngandika marang wong-wong mau: “Kowe padha nggoleki sapa?”
5 Wangsulane kang kadangu: “Yesus Nasarani.” Pangandikane Gusti Yesus: “Iya Aku iki.” Yudas kang ngulungake Panjenengane uga ngadeg ana ing kono awor karo wong-wong mau.
6 Bareng padha kadhawuhan: “Iya Aku iki,” tumuli padha mundur sarta niba ing lemah.
7 Gusti Yesus banjur ndangu maneh: “Kowe padha nggoleki sapa?” Unjuke wong-wong mau: “Yesus Nasarani.”
8 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Aku wus tutur marang kowe, iya Aku iki wonge. Manawa Aku kang kokgoleki, wong-wong iki kareben padha lunga.”
9 Mangkono iku supaya kayektenana ature kang mangkene: “Tiyang peparing Paduka dhateng Kawula punika boten wonten satunggal-tunggala ingkang kawula icalaken.”
10 Simon Petrus kang asikep pedhang, banjur ngunus pedhange, disabetake marang abdine Imam Agung, kupinge kang tengen perung. Abdi mau jenenge Malkhus.