1 Sang Pilatus tumuli dhawuh nggawa Gusti Yesus supaya disapu.
2 Para parjurit banjur padha nganam eri kanggo makuthan diagemake ing mustakane, sarta diagemi jubah wungu,
3 tumuli padha maju sarta ngucap: “Sugeng, ratunipun tiyang Yahudi!” Wong-wong mau banjur napuk pasuryane.
4 Sang Pilatus tumuli miyos maneh sarta ngandika marang wong-wong: “Lah tontonen, iku wonge dakwetokake marang ngarepmu, supaya kowe padha sumurup, yen mungguh ing aku ora ana kaluputane.”