13 Bareng Sang Pilatus miyarsa atur kang mangkono iku, tumuli dhawuh ngwedalake Gusti Yesus lan banjur lenggah ana ing kursi pangadilan, ing panggonan kang aran Litostrotos, ing basa Ibrani: Gabata.
14 Ing nalika iku pinuju dina pacawisan Paskah, kira-kira jam rolas. Sang Pilatus banjur ngandika marang wong-wong Yahudi: “Sawangen ratumu!”
15 Nanging wong-wong mau padha bengok-bengok: “Kasirnakna! Kasirnakna! Kasaliba!” Pangandikane Sang Pilatus: “Apa aku kudu nyalib ratumu?” Wangsulane para pangarepe imam: “Kula sami boten gadhah ratu kajawi namung Sang Nata Agung.”
16a Wasana Sang Pilatus banjur masrahake Gusti Yesus marang wong-wong mau supaya disalib.
16b Gusti Yesus nuli ditampani.
17 Banjur miyos kalawan manggul salibe lan tindak menyang panggonan kang aran Pacumplungan, ing basa Ibrani: Golgota.
18 Ana ing kono tumuli kasalib bareng karo wong loro liyane, dumunung ing kiwa lan tengene, Gusti Yesus ana ing tengah.