16a Wasana Sang Pilatus banjur masrahake Gusti Yesus marang wong-wong mau supaya disalib.
16b Gusti Yesus nuli ditampani.
17 Banjur miyos kalawan manggul salibe lan tindak menyang panggonan kang aran Pacumplungan, ing basa Ibrani: Golgota.
18 Ana ing kono tumuli kasalib bareng karo wong loro liyane, dumunung ing kiwa lan tengene, Gusti Yesus ana ing tengah.
19 Sang Pilatus uga dhawuh masang tulisan ana ing sadhuwure salib, unine: “Yesus Nasarani, Ratune wong Yahudi.”
20 Akeh wong Yahudi kang maca tulisan mau, amarga papan panyalibe Gusti Yesus iku cedhak kutha, lan tulisan mau nganggo basa Ibrani, Latin lan Yunani.
21 Para pangarepe imam bangsa Yahudi banjur padha matur marang Sang Pilatus: “Panjenengan sampun nyerat: Ratune wong Yahudi, nanging bilih pangakenipun: Aku iki ratune wong Yahudi.”