30 Sawise nyecep anggur kecut mau, Gusti Yesus tumuli ngandika: “Wus rampung!” Banjur ndhingklukake mastaka lan masrahake nyawane.
31 Sarehne pinuju dina pacawisan lan supaya ing dina Sabat layon-layon aja kabanjur ana ing kayu salib -- sabab dina Sabat iku dina Sabat kang pinunjul -- mulane wong-wong Yahudi padha teka sarta duwe panyuwun marang Sang Pilatus supaya wong-wong kang ana ing kayu salib padha karemukana sikile, lan layone kaudhunna.
32 Mulane para prajurit banjur padha mara sarta ngremuki sikile wong kang siji lan kang sijine kang disalib bareng karo Gusti Yesus;
33 nanging bareng nekani marang Gusti Yesus sarta padha weruh manawa wus seda, Gusti Yesus ora diremuk sampeyane,
34 ewasamono salah sijining prajurit panunggalane iku njojoh lambunge Gusti Yesus kalawan tumbak, temah sanalika metu getihe lan banyune.
35 Anadene wong kang ndeleng dhewe bab iku, iku kang nekseni, lan paseksene iku nyata, sarta wong iku sumurup, yen pratelane iku nyata, supaya kowe uga padha pracaya.
36 Sabab kalakone iku mau supaya kayektenana kang tinulis ing Kitab Suci: “Ora ana balunge kang diremuk.”