32 Mulane para prajurit banjur padha mara sarta ngremuki sikile wong kang siji lan kang sijine kang disalib bareng karo Gusti Yesus;
33 nanging bareng nekani marang Gusti Yesus sarta padha weruh manawa wus seda, Gusti Yesus ora diremuk sampeyane,
34 ewasamono salah sijining prajurit panunggalane iku njojoh lambunge Gusti Yesus kalawan tumbak, temah sanalika metu getihe lan banyune.
35 Anadene wong kang ndeleng dhewe bab iku, iku kang nekseni, lan paseksene iku nyata, sarta wong iku sumurup, yen pratelane iku nyata, supaya kowe uga padha pracaya.
36 Sabab kalakone iku mau supaya kayektenana kang tinulis ing Kitab Suci: “Ora ana balunge kang diremuk.”
37 Lan ana tulisan maneh kang mratelakake: “Wong-wong bakal padha nyawang marang Panjenengane, kang wus dijojoh.”
38 Sawuse mangkono Yusuf saka ing kutha Arimatea -- iku dadi siswane Gusti Yesus nanging kanthi sidheman marga wedi karo wong Yahudi -- duwe atur panyuwun marang Sang Pilatus, supaya dililanana ngukup layone Gusti Yesus. Lan Sang Pilatus uga nglilani. Yusuf tumuli sowan sarta ngukup layone.